REPOSITORY Umumindonesia2016

Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK

Insani, Nur Hanifah · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken: (1) tata cara mekaraken kamus basa Jawi digital mawi aplikasi Android kanthi kualitas sae, (2) tingkat kelayakan produk kamus basa Jawi digital ingkang dipundamel mawi aplikasi android tumrap siswa SMA/SMK adhedhasar pambijinipun para validator, saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa dhateng produk kamus basa Jawi digital mawi aplikasi andorid tumrap siswa SMA/SMK.
Panaliten pengembangan menika ngginakaken model pengembangan miturut Borg saha Gall. Tata caranipun damel produk kaperang dados tigang tataran, inggih menika tataran studi wiwitan, tataran damel produk, saha tahap tataran uji lapangan. Pambijining produk dipuntindakaken dening ahli materi, ahli media, guru basa Jawi saha ujicoba dhateng siswa. Uji coba winates dipuntindakaken dhateng siswa cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 2
Salam cacah setunggal, sarta siswa SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal. Subjek uji coba lapangan ingkang langkung wiyar inggih menika siswa SMK Muhammadiyah 2
Salam saha SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah sewidak sarta guru basa Jawi cacah enem ingkang kaperang saking guru SMK Muhammadiyah 2 Salam cacah setunggal, guru SMK Muhammadiyah 1 Salam cacah kalih, guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal, guru SMK Negeri 1 Salam cacah setunggal, saha guru SMA Negeri 1 Muntilan cacah setunggal. Data asiling ujicoba dipunpendhet mawi kuesioner lajeng dipun-analisis kanthi deskriptif kuantitatif.
Asiling panaliten menika arupi aplikasi kamus basa Jawi digital mawi android tumrap siswa SMA/SMK. Panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas saha kelayakan produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android ingkang kalebet kategori sae sanget. Asil pambijinipun kualitas produk dening ahli media, ahli materi ugi guru basa Jawi kalebet kategori sae sanget. Para siswa saha guru basa Jawi ugi sarujuk sanget kanthi wontenipun mulitmedia kamus basa Jawi digital mawi android. Adhedhasar biji kasebut, mila produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android layak sanget dipunginakaken ing salebeting pasinaon basa Jawi. Ing tembenipun, produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android dipunangkah saged dipunmupangataken minangka salah satunggaling sarana pambiyantu ngindhakaken seserepanipun para siswa bab kawruh tetembungan basa Jawi

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2015

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu

99% mirip
REPOSITORY2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2015

Pengembangan Media Pembelajaran Kimia Berbasis Android pada Materi Asam Basa untuk Meningkatkan Kemandirian Belajar dan Prestasi Kognitif Siswa SMA

Mar'attus, Solihah

99% mirip
REPOSITORY2014

KALEPATAN PELAFALAN FONEM BASA JAWI BAKU DENING MAHASISWA PRODI PENDHIDHIKAN BASA JAWI ANGKATAN 2010 FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA SAKING PURBALINGGA

Mahmudah, Miftah Musyiroh

99% mirip
REPOSITORY2019

Peranan Guru Bimbingan dan Konseling dalam Mengembangkan Jiwa Kewirausahaan Siswa SMA Swasta Budi Agung Medan Marelan

Farsiah, Lia Satriani Ramdhan

99% mirip
REPOSITORY2019

Peranan Guru Bimbingan dan Konseling dalam Mengembangkan Jiwa Kewirausahaan Siswa SMA Swasta Budi Agung Medan Marelan

Farsiah, Lia Satriani Ramdhan

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PIWULANG GAMELAN JAWI KANGGE SISWA SEKOLAH DASAR KELAS V MAWI APLIKASI MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8

Setiyana, Klasobo Ervika Aji

99% mirip
REPOSITORY

Peranan Guru Bimbingan dan konseling dalam mengembangkan jiwa kewirausahaan siswa SMA Swasta Budi Agung Medan Marelan

Tambusai, Khairuddin; OK, Azizah Hanum; Farsiah, Lia Satriani Ramdhan

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan