REPOSITORY Umumindonesia2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken tata cara mujudaken kamus elektronik basa Jawi ingkang dipundamel ngginakaken software Microsoft Visual Basic 6.0 kanthi kualitas sae. Kejawi saking menika, produk media ingkang dipundamel ugi saged dados sumber alternatif pasinaon basa Jawi.
Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode Research and Development (R&D) kanthi model prosedural. Wonten sekawan tahapan ingkang dipunlampahi kangge damel produk media pasinaon, inggih menika (1) tahap observasi; (2) tahap damel rantamaning panaliten; (3) tahap damel produk; (4) tahap pambijining produk. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken angket. Cara nganalisis data kanthi analisis deskriptif.
Asiling panaliten menika arupi software kamus elektronik basa Jawi kangge siswa SMP ingkang dipunginakaken mawi komputer. Kejawi saking menika, panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas media pasinaon kamus elektronik basa Jawi kanthi asil kados mekaten; (1) asil pambijining produk dening dosen ahli materi kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 95,38% ingkang kalebet kategori sae sanget; (2) asil pambijining produk dening dosen ahli media kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 90,77% ingkang kalebet kategori sae sanget; (3) asil pambijinipun guru basa Jawi SMP pikantuk rata-rata prosentase 100% ingkang kalebet kategori sae sanget; (4) asil pamanggihipun siswa pikantuk rata-rata prosentase pasarujukan 86,76% ingkang kalebet kategori sarujuk sanget dhateng media pasinaon ingkang dipundamel. Adhedhasar pambijining produk dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi SMP, saha angket pamanggihipun siswa, rata-rata prosentase sedayanipun inggih menika 93,23% ingkang kalebet kategori sae sanget. Prosentase menika nedahaken bilih software kamus elektronik basa Jawi menika layak dipunginakaken minangka sumber alternatif pasinaon basa Jawi.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2016

Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2015

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3

Widodo, Iriana Famuji

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL APP FLASH MOBILE BASIS ANDROID KANGGE PASINAON PEPINDHAN WONTEN ING SMP KELAS VIII

Kusuma, Muhammad Adhytia Artha

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan