REPOSITORY Umumindonesia2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika dipunlampahi kanthi ancas supados saged ngindhakaken panguwaosipun tetembungan basa Jawi siswa kelas X ing SMAN 1 Kasihan ngginakaken media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi elektronik saengga anggenipun sinau basa Jawi saged kalampahan kanthi langkung efektif. Ancas sanesipun inggih menika supados media ingkang dipundamel saged dados panyurung siswa anggenipun sinau basa Jawi.
Panaliten menika kalebet panaliten Research and Development (R&D). Panaliten ingkang dipunlampahi inggih menika damel media pasinaon kanthi wujud kamus buku wucalan elektronik kangge siswa kelas X semester jangkep wonten ing SMAN 1 Kasihan. Media pasinaon ingkang sampun dipundamel dipunuji dening dosen ahli media saha dosen ahli materi kanthi cara ngawontenaken validasi supados saged dipuntingali layak utawi mbotenipun media pasinaon menika. Teknik anggenipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken angket ingkang sampun dipuncawisaken. Teknik anggenipun nganalisis data wonten ing panaliten menika ngginakaken analisis deskriptif.
Asiling panaliten inggih menika: Sepisan, tahap damel media pasinaon menika kaperang dados gangsal, inggih menika (1) tahap analisis; (2) tahap damel rantaman media pasinaon; (3) tahap mekaraken media pasinaon; (4) tahap validasi; (5) tahap evaluasi. Kaping kalih, pambijinipun kualitas media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi saking validasi ingkang sampun kalampahan inggih menika (1) asil validasi dening ahli media kagolong wonten ing kategori “sae sanget” kanthi persentase 84,4%; (2) asil validasi dening ahli materi kagolong wonten ing kategori “sae sanget” kanthi persentase 84,3%; (3) Pambijinipun guru basa Jawi kagolong wonten ing kategori “sae” kanthi persentase 78,8%; (4) tahap ujicoba siwa kelas X kagolong wonten ing kategori “sarujuk sanget” kanthi persentase 87%. Kaping tiga, 82,8% siswa bijinipun gladhen langkung tinimbang KKM. Saking biji ingkang kados makaten, saged dipundudut bilih media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi ingkang dipunmekaraken layak dipunginakaken kangge sinau siswa kelas X semester jangkep.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2016

Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2015

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3

Widodo, Iriana Famuji

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PIWULANGAN NYEMAK GEGURITAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Ningrum, Dwi Retna

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan