REPOSITORY PGMIindonesia2013

DAMEL MEDIA PIWULANG GAMELAN JAWI KANGGE SISWA SEKOLAH DASAR KELAS V MAWI APLIKASI MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8

Setiyana, Klasobo Ervika Aji · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Ancasipun saking panaliten menika, ngandharaken caranipun damel media piwulang gamelan Jawi mawi aplikasi Macromedia Flash Professional 8, ngandharaken validasi kualitas media ingkang dipundamel mawi aplikasi Macromedia Flash Professional 8 dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, lan ngandharaken pambiji saha pamanggih guru basa Jawi lan siswa tumrap media piwulang gamelan Jawi.
Panaliten menika kalebet jinising panaliten Research and Development (R&D). Tahap-tahap ingkang dipunlampahi wonten panaliten inggih menika (1) tahap analisis; (2) tahap damel rancangan media piwulang; (3) tahap damel media piwulang; (4) tahap validasi saha ujicoba media piwulang; (5) tahap pungkasaning media. Produk media piwulang menika dipunuji kelayakanipun dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi. Cara ngempalaken data wonten panaliten menika mawi angket. Cara nganalisis data kanthi analisis
deskriptif.
Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) cara damel media piwulang kaperang dados 5 tahap inggih menika (a) tahap analisis; (b) tahap damel rancangan media piwulang; (c) tahap damel media piwulang; (d) tahap validasi saha ujicoba media piwulang; (e) tahap pungkasaning media. (2) validasi kualitas media piwulang gamelan Jawi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. (a) asiling pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji kanthi persentase 81,13%, lan kagolong kategori sae sanget; (b) asiling pambiji kualitas media saking dosen ahli media, kagolong kategori sae sanget kanthi persentase 81,5%. (3) asiling pambiji guru basa Jawi lan pamanggih siswa tumrap media piwulang gamelan Jawi. (a) pambiji guru basa Jawi tumrap kualitas media, kagolong kategori sae sanget kanthi persentase 92%; (b) asiling pambiji pamanggih siswa saking ujicoba, kagolong kategori sarujuk sanget awit pikantuk persentase 88,79%. Jumbuh kaliyan asiling panaliten kasebut, saged dipuntegesi bilih media piwulang gamelan Jawi ingkang dipundamel pikantuk pamanggih sae sanget saking siswa lan saged paring pambiyantu tumrap lampahing pasinaon mliginipun pasinaon gamelan.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT GAMBUH KANTHI ADOBE FLASH CS 5 TUMRAP SISWA KELAS IV SEKOLAH DASAR

Cahyadi, Yacobus

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PIWULANGAN NYEMAK GEGURITAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Ningrum, Dwi Retna

99% mirip
REPOSITORY2013

PENGEMBANGAN MEDIAINTERAKTIF KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 WONTEN ING PIWULANGAN LAGU DOLANAN TUMRAP SISWA KELAS VII

Hardiyanti, Tri Ari

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP

Musyarofah, Yen Hestu

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PEMBELAJARAN TETANEN MIGUNAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH CS6 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Nikmah, Wahyu Maghfirotun

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Widada, Asmara Setya

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan