REPOSITORY Umumindonesia2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) caranipun damel media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA, (2) pambijining kualitas materi saking dosen ahli materi saha kualitas media saking dosen ahli media babagan media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA, (3) pamanggih saking guru basa Jawi saha siswa kelas XII SLTA tumrap media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web.
Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D) inggih menika panaliten kangge ndamel kanthi cara mligi satemah saged ngasilaken satunggaling produk. Produk ingkang dipunasilaken inggih menika media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA kanthi alamat www.basajawaonline.com. Produk media dipundamel sarta dipunvalidasi dosen ahli materi saha dosen ahli media sarta dipunujicoba wonten ing kelas XII IPA 3 SMA N 2 Wonosari, Gunungkidul. Asiling validasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi.
Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) anggenipun damel media menika wonten tataran ingkang kedah dipunlampahi inggih menika tataran analisis kabetahan, tataran ngrancang produk, tataran damel produk, tataran validasi saha ujicoba kelompok alit ngantos revisi saha ngasilaken produk; (2) asiling validasi kualitas materi dening dosen ahli materi kaperang dados aspek piwulangan saha aspek leresipun isi pikantuk rata-rata 76.5% ingkang kagolong kategori sae, validasi kualitas media saking dosen ahli media kaperang dados aspek tampilan saha aspek pemograman pikantuk rata-rata 82.72% kagolong kategori sae sanget; saha (3) pamanggih saking guru basa Jawi pikantuk rata-rata 94% kagolong kategori sae sanget, sarta pamanggih saking siswa kelas XII tumrap media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web pikantuk rata-rata 79.8% kagolong kategori sarujuk. Siswa ingkang saged nggayuh KKM wonten 68.18%. Wondene ingkang boten saged nggayuh KKM wonten 31.82 %. Kanthi mekaten saged dipunpendhet dudutan bilih media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA pikantuk pamanggih sae saha layak minangka media pasinaon saha saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi unggah-ungguh basa Jawi.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2016

PENGEMBANGAN MEDIA PEMBELAJARAN BERBASIS KOMPUTER DENGAN ADOBE FLASH PADA KOMPETENSI DASAR PERSEDIAAN AKUNTANSI PERUSAHAAN DAGANG UNTUK SISWA KELAS XI SMK YPE SAWUNGGALIH KUTOARJO

SAPUTRO AJI, BAYU

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA DOLANAN “TELU DADI PARIKAN” NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Wicaksono, Prayoga

99% mirip
REPOSITORY2015

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PEMBELAJARAN TETANEN MIGUNAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH CS6 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Nikmah, Wahyu Maghfirotun

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Widada, Asmara Setya

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan