REPOSITORY Umumindonesia2015

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika: ancas sepisan ngandharaken tahap-tahap damel media pasinaon nyemak panganggening basa mawi Program Android Mobile tumrap siswa SMA kelas X. Ancas kaping kalih ngandharaken kualitas media adhedhasar pambiji saking dosen ahli materi saha dosen ahli media. Ancas kaping tiga ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa kelas X SMA tumrap panganggenipun media menika.
Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode Research and Development (R&D) kanthi model prosedural. Wonten gangsal tahap ingkang dipunlampahi kangge damel produk media pasinaon, inggih menika (1) tahap analisis kurikulum saha observasi; (2) tahap desain media; (3) tahap damel produk media; (4) tahap validasi saha uji coba; (5) tahap pungkasaning media. Caranipun ngempalaken data mawi angket. Caranipun
analisis data ngginakaken analisis deskriptif.
Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) tahap damel media pasinaon kaperang dados gangsal tahap inggih menika (a) tahap analisis kurikulum, kawontenan siswa saha kabetahan media; (b) tahap damel desain media kanthi mujudaken flowchart saha story board; (c) tahap damel media kanthi mujudaken story board dhateng Pemrograman Android Mobile; (d) tahap validasi saha uji coba media kanthi nyuwunaken biji saking dosen ahli materi saha dosen ahli media ngantos pikantuk asil kualitas media ingkang sae saha layak dipunuji coba dhateng sekolahan. Sasampunipun dipunrevisi jumbuh kaliyan pamrayogi dosen ahli materi saha dosen ahli media, media dipunsuwunaken biji dhateng guru basa Jawi saha dipunuji coba dhateng siswa SMA; (e) tahap pungkasaning media dipunpikantuk sasampunipun sedaya tahap damel produk media pasinaon dipuntindakaken saha produk media samapta minangka alternatife media pasinaon tumrap siswa SMA kelas X. (2) pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji 80% ingkang kagolong kategori sae, pambiji kualitas
media dening dosen ahli media pikantuk biji 83% ingkang kagolong kategori sae sanget, saha (3) pambiji guru basa Jawi SMA Negeri 2 Yogyakarta tumrap media pasinaon pikantuk biji 86% ingkang kagolong kategori sae sanget, asiling angket pamanggih siswa SMA kelas X PPMIA-4 tumrap media pasinaon nyemak panganggening basa pikantuk biji 81,59% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon nyemak panganggening basa menika saged dipunginakaken kangge pasinaon undha-usuk basa saha paring pambiyantu dhateng siswa kangge sinau bab panganggening basa.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PEMBELAJARAN TETANEN MIGUNAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH CS6 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Nikmah, Wahyu Maghfirotun

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Widada, Asmara Setya

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP

Musyarofah, Yen Hestu

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan