REPOSITORY Umumindonesia2014

KALEPATAN PELAFALAN FONEM BASA JAWI BAKU DENING MAHASISWA PRODI PENDHIDHIKAN BASA JAWI ANGKATAN 2010 FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA SAKING PURBALINGGA

Mahmudah, Miftah Musyiroh · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pelafalan fonem basa Jawi baku ingkang lepat dening mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Bab punika ngrembag mapanipun kalepatan fonem basa Jawi baku saha perkawis ingkang ndayani kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga.
Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Subjek panaliten inggih punika mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010, FBS, UNY saking Purbalinga cacahipun gangsal mahasiswa. Wujudipun data inggih punika kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Cara ngempalaken data ngginakaken teknik simak, sadhap, ngrekam, saha wawanpirembagan wonten ing kampus, perpustakaan, saha kos. Validitas data ngginakaken triangulasi teori, dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas sumber.
Asiling panaliten nedahaken bilih mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga taksih ngalami kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku. Kalepatanipun arupi kalepatan pelafalan fonem, tambahing fonem, saha sudaning fonem. Kalepatan pelafalan fonem vokal wujudipun fonem /a/, /?/, /i/, /u/, saha /o/. Mapanipun ing wanda menga, madyaning tembung, saha wanda sigeg. Kalepatan pelafalan fonem konsonan wujudipun fonem /d/, /g/, /k/, saha /?/. Mapanipun ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan pelafalan fonem semi-vokal wujudipun fonem /w/ kaliyan /y/. Mapanipun ing wiwitaning wanda kaping kalih kaliyan madyaning tembung. Kalepatan tambahing fonem vokal wujudipun fonem /a/ ingkang mapan ing wanda menga. Kalepatan tambahing fonem konsonan wujudipun fonem /h/, /n/, saha /p/ ingkang mapan ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan tambahing glottal stop ingkang mapan ing pungkasaning fonem /a/, /?/, /i/, saha /e/. Kalepatan sudaning fonem /a/ ingkang mapan ing pungkasaning wanda kapisan. Kalepatan sudaning fonem konsonan wujudipun fonem /k/ saha /n/ mapanipun ing wanda sigeg kaliyan wiwitaning tembung. Saking asiling wawanpirembagan, perkawis ingkang ndayani kalepatan inggih punika kirangipun nguwaosi fonem basa Jawi baku, taksih kadayan saking dialek Banyumasan, kirang praktek, saha pakulinan.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2016

Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2014

KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah

99% mirip
REPOSITORY2014

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES

Putri, Ana Risqiana

99% mirip
REPOSITORY2013

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA

Yudha, Dicky Aria Krisna

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2016

PENGARUH EFIKASI DIRI BERWIRAUSAHA DAN PENDIDIKAN KEWIRAUSAHAAN TERHADAP INTENSI BERWIRAUSAHA MAHASISWA PENDIDIKAN ADMINISTRASI PERKANTORAN UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Aninda Artiandewi, Aninda

92% mirip
REPOSITORY2016

PENGARUH KEPRIBADIAN, LINGKUNGAN KELUARGA DAN PENDIDIKAN KEWIRAUSAHAAN TERHADAP MINAT BERWIRAUSAHA MAHASISWA PROGRAM STUDI AKUNTANSI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Syaifudin, Achmad

92% mirip
REPOSITORY2016

PERSEPSI MAHASISWA TERHADAP PEMBELAJARAN PRAKTIKUM KEWIRAUSAHAAN DENGAN MODEL PENDIRIAN PERUSAHAAN DALAM MENUMBUHKAN MINAT DAN KETERAMPILAN BERWIRAUSAHA MAHASISWA PENDIDIKAN EKONOMI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Amalia, Amalia

92% mirip
REPOSITORY2016

[Ringkasan Skripsi] Pengaruh Partisipasi Anggota Koperasi Mahasiswa Terhadap Minat Berwirausaha Mahasiswa FIS Anggota Kopma UNY

Dewi, Fitria Mustika

92% mirip
REPOSITORY2016

Pengaruh Partisipasi Anggota Koperasi Mahasiswa Terhadap Minat Berwirausaha Mahasiswa FIS Anggota Kopma UNY

Dewi, Fitria Mustika

92% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan