REPOSITORY Umumindonesia2013

DAMEL APP FLASH MOBILE BASIS ANDROID KANGGE PASINAON PEPINDHAN WONTEN ING SMP KELAS VIII

Kusuma, Muhammad Adhytia Artha · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika damel media pasinaon app flash mobile basis android materi pepindhan. Ancasipun saking panaliten menika: 1) ngandharaken cara damel media pasinaon, 2) ngandharaken validasi kualitas media ingkang kadamel dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, 3) ngandharaken pambiji saha pamanggih saking guru basa Jawi sarta siswa SMP N 8 Pati kelas VIII-C tumrap media pasinaon menika.
Panaliten menika kalebet jinising panaliten ingkang ngginakaken metode Research And Development (R&D). Caranipun damel media pasinaon menika wonten mapinten-pinten tataran inggih menika: (1) tataran analisis, (2) tataran damel desain media, (3) tataran damel media pasinaon, (4) tataran validasi saha ujicoba media, (5) tataran pungkasaning media. Produk media menika dipunuji kualitasipun mawi validasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media langkung rumiyin supados pikantuk pamrayogi ingkang dipunginakaken dados dasar revisi media, salajengipun supados pikantuk pasarujukan panaliten. Sasampunipun media menika dipunvalidasi, revisi, saha pikantuk pasarujukan, salajengipun dipunujicoba wonten SMP N 8 Pati supados dipunbiji dening guru basa Jawi sarta pikantuk tanggepaning siswa kanthi ngginakaken angket tumrap media pasinaon menika. Cara nganalisis data menika kanthi analisis deskriptif.
Asiling validasi saking dosen ahli materi saha dosen ahli media sarta pambiji saking guru lan pamanggih siswa mawi angket menika nedahaken bilih: 1) validasi kualitas media pasinaon pepindhan dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. (a) asiling pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk rata-rata prosentase 81,1% kagolong kategori sae sanget. (b) ) asiling pambiji kualitas media dening dosen ahli media pikantuk rata-rata prosentase 81% ingkang kagolong kategori sae sanget. 2) pambiji saha pamanggih guru basa jawi lan siswa SMP 8 Pati kelas VIII-C tumrap media pasinaon pepindhan. (a) asiling pambiji kualitas media dening guru basa Jawi pikantuk rata-rata prosentase 87,3% ingkang kagolong kategori sae sanget. (b) asiling pambiji saha pamanggih siswa pikantuk rata-rata prosentase 92% ingkang kagolong kategori sae sanget. Adhedasar asiling panaliten menika, saged dipunmangertosi bilih media pasinaon pepindhan menika pikantuk pamanggih sae sanget saha saged dipunginakaken pambiyantu lampahipun pasinaon mliginipun materi pepindhan.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATASNGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5

Prasetiyo, Heri Eko

99% mirip
REPOSITORY2015

DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3

Widodo, Iriana Famuji

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2013

MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar

99% mirip
REPOSITORY2016

PENGEMBANGAN KOMIK SEBAGAI MEDIA PEMBELAJARAN AKUNTANSI PADA MATERI AKUN-AKUN PERUSAHAAN DAGANG UNTUK SISWA SMA KELAS XII SMA NEGERI 1 SEDAYU

RIZKA ANGGRAENI, FIDYA

99% mirip
REPOSITORY2015

PENGEMBANGAN KOMIK AKUNTANSI SEBAGAI MEDIA PEMBELAJARAN INOVATIF PADA MATERI JENIS DAN BENTUK BADAN USAHA UNTUK SISWA SMK KELAS X

YUNIASTUTI, EKA

99% mirip
REPOSITORY2016

Pengembangan Media Pembelajaran Audio-Visual IPS SMP Kelas VII Materi Kewirausahaan

Hendratno, Afrizal

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan