REPOSITORY Umumindonesia2014

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ ANALISIS KAWRUH ANGGAYUH RAOSING GÊSANG INGKANG SAJATOS WONTÊN SÊRAT WÉDYÅ PRASTÅWÅ

Hanifah, Ria Nur · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panalit?n mênikå ngêwrat sakawan warni ancasing panalit?n. Ancasing panalit?n mênikå kanggé: (1) ngandharakên deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå, (2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå, (3) ndamêl terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå, såhå (4) ngandharakên piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå.
Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nliti naskah kanthi irah-irahan Sêrat Wédyå Praståwå. Wondéné metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teks Sêrat Wédyå Praståwå kanthi sistematis såhå objektif. Sumber data panalitèn mênikå naskah Sêrat Wédyå Praståwå koleksi-nipun Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya. Cårå anggènipun ngêmpalakên data panalitèn mênikå kanthi ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah såhå teks, alih tulis teks, damêl terjemahan teks, kalajêngakên analisis teks. Cårå analisis data panalitèn inggih mênikå kanthi ngginakaken analisis deskritif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater.
Asiling panalitèn filologi tumrap Sêrat Wédyå Praståwå mênikå ngandharakên sangang bab. Wondéné paprincèn asiling panalitèn inggih menika (1) kawontênanipun manungså ingkang gadhah “kapénginan” ngudi kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, lajêng (2) unggah-ungguhipun siswå ingkang badhé maguru kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (3) kawontênanipun manungså ingkang sagêd dipundadosakên guru ingkang mulangakên kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (4) wêkdal såhå panggènan ingkang saé kanggé pamêjangan kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (5) syarat ingkang kêdah dipunlampahi déning siswa sadèrèngipun nampi utawi nyinau kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (6) paprincèning tri sabåwå, (7) panuntun såhå pangayomaning gêsang, (8) kautamaning manungså ingkang sampun paham tri sabåwå, pungkasan (9) pituwas tumrap manungså ingkang botên manut wêwaton tri sabåwå.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan