REPOSITORY Umumindonesia2014

DAMEL BUKU KANTHI IRAH-IRAHAN SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA “CARAKA” KANGGE SISWA SMP

Novianto, Muhammad Fuad · Universitas Negeri Yogyakarta

Abstrak / Ringkasan

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken (1) caranipun damel media buku kanthi sinau maos saha nyerat aksara Jawa irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP, (2) pamijining kualitas media dening dosen ahli materi, dosen ahli media saha guru basa Jawi babagan media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP, (3) pamangih saking guru basa Jawi saha siswa SMP bab media buku kanthi irah-irahan sinau maos saha nyerat aksara Jawa “Caraka” kangge siswa SMP
Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D) inggih menika panaliten kangge ngasilaken produk tartamtu saha pamijining keefektifan produk kasebut. Produk ingkang dipunasilaken inggih menika media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP. Produk media menika dipun-validasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, saha guru basa Jawi, sarta dipun-ujicoba dhateng
12 siswa kelas VIII A SMP N 1 Rowokele. Asiling validasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP.
Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) anggenipun damel media menika kanthi tataran analisis kabetahan, ngrancang media, damel media, validasi saha ujicoba winates ngantos revisi saha ngasilaken produk ingkang pungkasan; (2) pamijining kualitas media adhedhasar validasi kualitas media dening Dosen Ahli Materi pikantuk biji rata-rata 97,04% kagolong kategori “sae sanget”, validasi kualitas media dening dosen ahli media pikantuk biji rata-rata 79,63% kagolong kategori “sae”, pambiji dening guru basa Jawi pikantuk biji rata-rata
99,35% kagolong kategori “sae sanget”; saha (3) pamanggih saking guru basa Jawi pikantuk biji rata-rata 99,35% kagolong kategori “sae sanget”, sarta pamanggih saking siswa kelas VIII tumrap media pikantuk biji rata-rata 93,85% kagolong kategori “sarujuk sanget”. Kanthi mekaten saged dipunpendhet dudutan bilih media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP pikantuk pamanggih sae sanget saha layak dipunginakaken kangge sinau aksara Jawa ingkang saged nggampilaken siswa anggenipun mangertos materi aksara Jawa.

Sitasi

RIS BibTeX
Recommendation Engine

Referensi Serupa

REPOSITORY2015

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN

Handoyo, Tri Wisnu

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3

Widodo, Iriana Famuji

99% mirip
REPOSITORY2013

DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu

99% mirip
REPOSITORY2015

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria

99% mirip
REPOSITORY2013

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X

Ardiani, Ardiani

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Verrysaputro, Exwan Andriyan

99% mirip
REPOSITORY2014

MEDIA PIWULANGAN NYEMAK GEGURITAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Ningrum, Dwi Retna

99% mirip
REPOSITORY2013

PENINGKATAN PRESTASI BELAJAR MENULIS KOSAKATA BERAKSARA JAWA DENGAN MEDIA PERMAINAN TEKA-TEKI SILANG PADA SISWA KELAS VIII C SMP NEGERI 2 PENGASIH KEDUNGSARI KABUPATEN KULON PROGO

Nurbanita, Budi

99% mirip
REPOSITORY2015

PERBEDAAN KETERAMPILAN MEMBACA AKSARA JAWA ANTARA KELAS YANG MENGGUNAKAN MEDIA KADOWA DAN MEDIA GAMBAR SISWA KELAS IV SD NEGERI I TODANAN BLORA

Ariyanti, Risky Dewi

99% mirip
REPOSITORY2015

PENGEMBANGAN MEDIA SINAU MACA AKSARA JAWA (SI MARJA) DALAM MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS IV SD N KEPUTRAN A YOGYAKARTA

Kusuma, Ervan Adi

99% mirip
REPOSITORY2014

PENGEMBANGAN SCRABBLE HANACARAKA SEBAGAI MEDIA PEMBELAJARAN AKSARA JAWA UNTUK SISWA KELAS VI DI SD NEGERI KEPUTRAN A YOGYAKARTA

Eka, Desiana

99% mirip
REPOSITORY2014

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya

99% mirip
Sumber yang Sama

Literatur Lain dari Universitas Negeri Yogyakarta

Bacaan Lanjutan

Literatur Terbaru yang Relevan